Wawancara kerja bahasa Jawa ..

Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan
beberapa tes wawancara untuk “*tidak*” menerima calon karyawan baru, tentu
saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa EJD (Ejaan Jawa yg
nDaksempurna)..

Bagi yang tidak memahaminya nggih nyuwun sewu … Boso Jawi ….Meniko
G : Kowe nduwe omah opo ora…..?
A : dereng….
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten……..?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten…..?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
More…
G : Kowe nduwe motor opo ora….?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto
ngriki.
G : Wah malah ra ketompo….
b : lho kok ngoten
G : nggone parkire wis ra nyukupi.

G : Kowe wis lulus sarjana tenan…..?
c : sampun pak….
G : Ora ketompo, kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben
mbayare murah
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo…..
c : Lho kados pundi to….?
G : Mengko kowe kerjo mung ngetik nggawe skripsi, lek wis lulus mesti golek kerjo
neng perusahaan liyo.

G : Kowe seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
G: Ra ketompo…..
d : waa……kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jane nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G: Malah ora ketompo.
d : Lho kok……
G: Engko kowe mung gawe guyu kancamu lan dolanan email emailan sing lucu…….

G : Kowe mau mrene numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowe ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus
e : Wo, kulo wau namung mbonceng, kok
G : Tambah ora ketompo
e : Lho, lha kok … ?
G : Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi !

G : Anakmu akeh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowe ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok … ?
G : Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe

G : Kowe wis ngerti gaweyanmu durung ?
h : Dereng
G : Kowe ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane ?
h : Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
h : Lho, lha kok … ?
G : Kowe rak mung arep keminter, to ?

G : Kowe ngerti kahanan kantor kene durung
k : Dereng
G : Kowe ora ketompo
k : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore ?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok … ?
G : Kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?

G : Kowe kerep loro ?
m : Mboten
G : Kowe ora ketompo
m : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
m : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
m : Lho, lha kok … ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

G : Kowe biso main Internet ?
n : mBoten
G : Kowe ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
n : Lho, lha kok … ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan Internet, to? Ngentek-entekke pulsa !

G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo…….
o : Kenging nopo …..?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo……
o : Pripun to niki….?
G : Mengko aku duwe saingan……….

PERUSAHAAN KERE… BOS E E EDAN PISANN..

**dikutip dari sebuah milis, tapi saya sudah lupa milis apa

10 Comments

Add yours

  1. Sejak kapan jadi jawa mas ? hahahaha… :)) :))

  2. Hee.., sian 2 thun on ma ahu nga jadi halak Jawa Amang.., hee..he..

  3. hahhahahaha… ngakak aku!

  4. hehehe… lucu banget…. 🙂

  5. He..he.., webmu juga mantep kok mas.. :blah:

  6. Lucu sanget mas…sumpah lucu…

  7. bro… aku njaluk iki tak post nang blog ku ya!! ra kopi paste kok. ketik ulang. sugoooiiiii……

  8. @christin : Sumonggo chris.. 😀

  9. wah lucu iki..tak pek nggo koleksi cerita lucu..suwun

  10. monggo Ton..

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *